Rabu, 18 Januari 2012

Contoh Pidato Bahasa Jawa


Memperingati Maulid Nabi Muhammad SAW

Assalamu’alaikum wr.wb

            Ingkang kawula hormati, Bapak kepala sekolah. Ingkang kawulo hormati Bapak lan Ibu guru lan Karyawan SMK MA’ARIF NU 1 Ajibarang. Ugi mboten kesupen rencang – rencang kelas tiga lan adik – adik kelas setunggal lan kalih ingkang kulo tresnani.         
            Sumonggo kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten – pinten kenikmatan, nikmat ingkang sepindah lan paling utami inggih menika nikmat Iman, Islam, Kesehatan ugi Yuswo ingkang panjang, sehingga wonten ing wekdal menika, kita saged makempal wonten ing majelis ingkang berbahagia menika.
            Solawat saha salam mugi kunjuk deteng ngarso dalem junjungan Nabi agung kita Muhammad SAW, ingkang sampun maringi punten – pinten tuladha umatipun saking margi ingkang peteng tumuju margi ingkang pepadang inggih menika agami islam, ugi ingkang kita tenggo – tenggo safangatipun mbenjang wonten ing zaumul qiamah.
            Selajengipun, sumangga kita tingkataken Iman lan Takwa, dateng Alloh SWT tegesipun nindakaken sedaya perintah - perintahipun lan nilari sadaya awisan - awisanipun, wonten ing salebeting bungah utawi wonten ing salebeting susah, wonten ing salebeting kangelan utawi kepenak, wonten ing salebeting kepenak utawi ora dewe napa – napa. Kanthi cara mekaten, gesang kula lan penjenengan sedaya, saged bahagia wonten ing donyo dumugi wonten ing akhirat. Allohumma Amein . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . .
            Alhamdulillah kita sami taksih ginanjar wilujeng saged amenangi wulan Robiul Awal utawi ingkang kasebat wulan Maulid. Wonten ing wulan Maulid menika kita saged mangeti wiosipun junjungan Nabi agung Muhammad SAW. Menurut ahli sejarah, penjenenganipun Nabi Muhammad SAW dipun lahiraken tanggal 12 Robiul Awal tahun gajah utawi tanggal 20 April tahun 571 M. Kasebut tahun gajah inggih menika keranten ing wekdal menika raja Abrahah bade gempur ka’bah kalian kendaraan gajah, hananging maksudtipun menika gagal amargi manuk ababil saking suarga sami mbalang lan nyawati tentara lan tumpaan gajah menika ingkang dipun pimpin Raja Abrahah. Mila saking menika, tiang – tiang arab sami njenengi lairipun Nabi Muhammad SAW menika taun gajah.
            Saking kadadosan menika, ka’bah lan Nabi Muhammad SAW dipun slametaken dening manuk Ababil ingkang dipun prentah dening Alloh SWT. Lan peistiwa niku wau kasebut taun lairipun junjungan Nabi kita Muhammad SAW dening tiang – tiang arab.
            Sak lajengipun sampun dados kebiasaan umat Islam, menwi wonten wulan maulid menika ngawontenaken kegiatan keagamaan khususipun pengaosan agami, kangge memperingati lahiripun Nabi Muhammad SAW. Wonten ing dalem Al Quran mboten wonten perintah supados kita ngadaaken maulidan. Hananging supados umat Islam purun mencontoh lan dadosaken Rosululloh SAW sebagai suri tuladha dateng umatipun.
            Mekaten lan semanten atur kulo, kiranglangkungipun nyuwun pangapunten, mugi – mugi atur kulo cekak menika saged mbekta manfaat dumateng kula lan panjenengan sedaya. Saha mugi – mugi kita sedaya saged wilujeng, rahayu, slamet wiwit ing alam duyo nagntos dumugi ing alam akhirat. Amin amin amin yarobbal’alamin . . . . .

Bilahitofik wal hidayah, Waridho wal inayah, wassalamu’laikum wr.wb

1 komentar:

  1. Lucky Club: Online Casino Website | Live Casino Review
    Lucky Club casino review. Live casino review, welcome bonus and luckyclub more! Register with Lucky Club. Live casino games, games and promotions. Rating: 7.4/10 · ‎Review by LuckyClub.live

    BalasHapus